Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Banyu Klapa Seliane Seger Uga Akeh Manfaate

SIMA – Banyu klapa sing seger seliane bisa go ngilangna ngorong jebule duweni manfaat lan khasiat sing cukup akeh.

Nang sewalike rasane sing manis, enak lan nyegeraken jebule bisa nyegah dehidrasi (kekurangan cairan awak, maag, anjog penyakit kanker. Ora percaya? Mangga diwaca lan dipahami manfaate banyu klapa kaya sing ditulis nang detikfood.

Nginum banyu klapa sing adem nang cuaca panas njembret, rasane mesti seger nemen. Awit gemiyen banyu klapa dinggo go gawe nginuman nggo tamba ngorong. Nutrisi sing ana nang jerone banyu klapa uga diyakini nggo ngobati werna-werna penyakit.

Banyu klapa kuwe salah sijine cairan murni sing rendah karbohidrat, 99% rendah lemak lan uga rendah gula sing aman dikonsumsi kanggo wong sing obesitas (kelemon) lan lara diabetes (kencing manis/gula). Miturut data sing USDA National Nutrient 100gr banyu klapa ngandung 19 kalori, 0,2 lemak, 1,1 serat 0,72g protein dan 0mg kolesterol. Uga mengandung magnesium, kalsium, vitamin B, C, zinc, yodium, mangan dan selenium.

Karna kandungan nutrisie sing akeh mau, banyu klapa duweni werna-werna khasiat kanggo njaga kesehatan:

Dehidrasi (Kuran Cairan)
Banyu klapa duweni lima elektrolit kaya natrium, kalium, klorida, kalsium dan magnesium. Nutrisi kiye duweni peran penting nggo nglindungi awak sing dehidrasi lan keseimbangan elektrolit nang njerone awak.

Jaga abote awak
Air kelapa nduweni kalori sing rendah. Kanggo sapa-sapa sing rutin nginum banyu klapa bisa nyimpen ewonan kalori per taun sing mbantu awak nggo nurunakan lan njaga berat awak ben tetep ideal.

Sistim kekebalane awak
Banyu klapa nduweni kandungan asam laurat sing uga ditemukna nang jerone bayu susu ibu (ASI). Asam laurat nang banyu klapa kuwe merupakan zat sing nduweni fungsi dadi antimikroba, antibakteri, antijamur lan antiprotozoal. Nginum banyu klapa secara rutin bisa mbantu miara sistim kekebalane awak.

Ningkataken metabolisme
Banyu klapa nduwe peran penting nggo nggawa nutrisi lan oksigen maring sel-sel getih sing apik nggo ningkataken metabolisme awak.

Mual/Jeleh
Nginum banyu klapa bisa ngurangi rasa mual atau muntah. Biasane para penderita tifus, malaria, demam atawa penyakit laine cenderung ngrasa jeleh lan pingin mutah. Karo ngakehi nginum banyu klapa, rasa jeleh lan dehidrasi bisa dicegah.

Pencernaan
Banyu klapa terdiri saka akeh enzim bioaktif alami kaya asam fosfatase, katalase, dehidrogenase, diastase, peroxidase, lan RNA polimerase. Kabehan enzim kiye mbantu lancaraken sistim pencernaan lan metabolisme awak lan nyegah weteng melilit.

Kolera
Banyu klapa ngandung albumen alami sing apik dikonsumsi wong sing lara kolera.

Maag
Banyu klapa dadi obat alami sing cespleng kanggo ngendalikaken intensitas refluks asam sing bisa nyebabaken lara maag. Angger rutin nginum banyu klapa bisa nyegah masalah nang lambung sing micu anane lara maag.

Kanker
Studi nyebutaken bahwa kandungane sitokinin nang banyu klapa bisa gawe obat anti-penuaan, anti-karsinogenik, lan anti-trombotik lan anti-kanker. (Elf/Det)

Post a Comment for "Banyu Klapa Seliane Seger Uga Akeh Manfaate"

loading...
loading...